31 Mei 2007

Kaos Blogger

A : kaos-kaos...kaos blogger...kaos apik...
B : lek...ket kapan sampeyan dodolan kaos? kene aku ndelok...
A : nek ndelok yo wis mandeko nang kunu, pandengen kulakanku iki.
B : lha nek tuku?
A : yo mreneo...
B : yo wis aku tak ndelok mrunu hehehe...
A : pancen arek ed*n!
B : lek, wernane gak ono sing liyo ta? koyoke luwih apik nek wernane kuning ntah.
A : awakmu kepengen dadi bencong ta? rekues werno kok sing ora-ora.
B : ngunu ta? sak jane pancen apik kabeh, tapi regane piro disik?
A : kaos siji petangpuloh ewuan.
B : wik...larange, winginane aku ngecek rego jek akeh kaos sing regane rongpuloh ewuan!
A : pancen ono, tapi bahane kain goni.
B : ngunu ta?
A : sak jane awakmu iki sido tuku opo ora?
B : yo wis aku tuku siji sing cap sikil, engko nek pancen kaine apik aku tuku maneh.
A : he...lapo awakmu mbukak dompet barang? koyo kate tuku keong ae...
B : lha terus?
A : sementara pesene liwat imel, dibayar liwat rekening, lha kaose engko tak paketno.
B : engko aku sampeyan bujuki...
A : le, aku iki ndolek rejeki sing halal, duduk sing gak nggenah koyo ngunu iku...
B : yo wis lek, piye carane?
A : deloken infone nang kene!

7 komentar:

  1. waduh boss...
    ane perlu kamus nih buat ngerti
    ape yg ente tulis..
    hehe

    BalasHapus
  2. b: leK... iku gambarane awakmu dewe tA?
    A: iyo cak!",
    B: prospektif iki lek, dodolane sampean.
    A: maksudmu?
    B: yo mungkin akeh sing kate tuku.
    A: ya iya lah....
    B: tapi "katene" thok, soale kapan nggawene kaos, opo pas walking2 in the blog rame-rame nggawe kaos iki?
    A : sek tak pikire (tak turu sek... red)

    BalasHapus
  3. Kalo gak ngerti ya langsung beli kaosnya aja, nanti kan ngerti sendiri...huehehehe...

    BalasHapus
  4. yo opo misale awakku dadi distributor malang? kaose gratisan yo lek..

    BalasHapus
  5. Waduh je...sementara tak urusi dewean, umpamane mben sukses terus sampek mbukak konter kaet mikir mbukak distributor. Pesen gak?

    BalasHapus
  6. gak ono biru.. aku seneng biru tuo.. tulisane blogger gak abang, tapi putih.. yo opo pak?

    BalasHapus

Terima kasih atas komentarnya.